LANGSUNG CHAT WA

Njelaske Dieng Plateau Nganggo Boso Asli Dieng Wonosobo

Ndieng ke gunung paling ombo nang jawa tengah, posisi geografis 7' 12' lintang selatan dan 109' 54' bujur timur. Nek duwure sekitar 6.802 kaki atau 2.093 meter. Ndesa seng nang Dieng akeh eram, ana Batur, dieng kulon, dieng wetan, kejajar. ngasi taun 1990 an daerah nang kene ora kena lestrek babarblas.

Dieng kui biso diomong sebagai gunung aktif raksasa, buktine kawah-kawah kepundan akeh nang kono. nek duwure ke sekitar 2000 meter nang nduwure laut. suhune sekitar 15-20 derajat celcius, malah ngasi nekpas musim kemarau bisa ngasi minus derajat celsius. Dadi kudu persiapan temenanan nek anang dieng kae. embun bae bisa dadi es nang kana.

njelaske dieng plateau wonosobo


Asal mula jenang Dieng kui seka boso kawi seng artine "DI" kue nggon / tempat nah nek "HYANG" kue artine Dewa. Nah sekang kue mau Dieng nduwe arti tempat seng di nggo dewa nggo semedi / sembayang. Nek plateau kue artine dataran tinggi, nah kue bahasa inggris nyong nyonto nang google translate. nek digabung dieng plateau kue artine dataran tinggi Dieng.

Jaman mbiyen diperkirakno ana 200 candi nang kana, neng lah wong ana bencana alam dadi pada ajur kabeh njur dadi sisa 8 tok, HAhahaha.....Jur...jur. Nang kitap sanjaya ana kata-kata dieng, neng kana diterangna nek kue ke nggon seng paling apik dinggo muja dewa Siwa. Siwa kue dewa perusak, nah mergane dipuja menne ora ngrusak nyong lan deke. Nang tengahe Ndieng ke ana nggon pemujaan tertua Hindu nang Indonesia, siki si egen candine tok karo runtuhane wihara.

Asal mulane ke gunung kue gedine eram, njut mledak nah dadi gunung-gunung cilik kaya jaman siki kie. Ngasi siki ya egen aktif kadang cok ngrusak kebon, dalan, kegen cok gerak-gerak lemahe.

Nang ndieng dewek siki akeh eram lokasi piknik, ana candi, kawah, bukit2x go nonton sunrise, museum, gua2x, telagane pirang-pirang, tuk awet enom, gardu pandang, kebun teh, akeh lah pokoke seng jelas maer tok.

Nah nak deke arep mrana aja klalen njukut paketan piknik seng mbener contone kaya Kawan Kurnia Tour kie. Aja ngasi nyesel nenk njukut paketan nang nggone wong liya.

Deke bengung karo kata-katane kiye? Jenenge bae bahasa Wonosobo asli, ya kaya ngene kiye bahasane. Mulane tah dolan nang Ndieng pirang-pirang ndina, li ko ngerti sititik-setitik bahasa kue.

Maer Mbok......Maer Ora??

Posting Komentar untuk "Njelaske Dieng Plateau Nganggo Boso Asli Dieng Wonosobo"